Postingan

Menampilkan postingan dari April, 2013

tembung lan watake sengkalan

Tembung lan watek wantuné Tembung sing nduwèni watek 1 yakuwi: Tunggal, Siji, Nyawiji, Gusti, Sujanma, Jalma, Wong , Semèdi, Nabi, Rupa, Maha, Iku, Rat, Jagad, Bumi, Bawana, Surya, Candra, Kartika, Urip, Wani, Putra, Tyas, Kalbu, Wardaya. Raja, Ratu, Narpa. . Tembung sing nduwèni watek 2 yakuwi: Kalih, Dwi, Asta, Nembah, Nyembah, Nétra,Caksu, Soca, Pandulu, Tingal, Paningal, Kembar, Myat, Swiwi , Peksi , Paksi, Paksa, Sikara, Dresthi, Kanthi, Apasang, Sungu , Talingan, Karna. . Tembung sing nduwèni watek 3 yakuwi; Tiga, Tri, Bahni, Geni , Agni, Ujwala, Murub, Urub, Dahana, Payudhan, Yudha, Perang , Kaya, Kadya, Kadi, Bentèr, Kawruh, Guna, Wédha, Naut, Teken, Pawaka, Rananggana, Brama. .

sengkalan

Sengkalan Langsung menyang: pandhu arah, pados Candrasangkala utawa Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Sengkalan punika kedadosan saking tembung saka+kala+an, lajeng mungel sangkalan; wusananipun luluh dados sengkalan.[1] Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha: Sirna ilang krětaning bumi, yen diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”.

kaanan sesorah

Kaanan Pidato 1. Kaanan Resmi. Kanggo kaanan resmi, lumrahé pamicara maca naskah kang wis disiapaké supaya ora salah anggoné pidhato lan naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip. Pemicara ora bisa ngandharaké pidhatoné sakarepé dhewe amarga wektune wis diatur. 2. Kaanan Setengah Resmi. Pemicarané bisa ngandharaké pidathoné rada longgar. Nanging, kesan resmi kudu tetep digatekaké. 3. Kaanan Ora Resmi. Pemicara bisa ngandharaké pidhatoné miturut tujuan utawa pemirengé. 4. Kaanan Liya- liyane. Sakliyané kaanan kang wis kaandhraké iku, isih ana kaanan kang uga duweni pengaruh marang cara ngandharake pidhato, yaiku pemirenge lungguh apa ngadeg, wektune esuk apa awan, anggone pidhato dewe apa karo wong liya. Contone, yen pemirenge ngadeg pidhatone kanthi singkt bae.

tujuan sesorah

Tujuan Pidhato 1. Menehi Hiburan. Pidhato jinis iki ditindakaké ana ing acara pahargyan. Déné tujuané yakuwi supaya acara iku bisa sumringah lan meriah. Pemicara mung ngandharaké babagan kang gawé seneng lan bungah, uga nganggo basa kang santai lan raket. 2. Menéhi Kawruh. Pidhato iki isiné ngandharake babagan kang sacetha-cethané, supaya pamireng mangerti. Pemicara bisa nganggo conto, mbandingaké, nerangaké, lan liya- liyané kang kabéh mau gunané kanggo njelasaké marang pemirengé. 3. Ajak- ajak. Pemicara ngandharaké alesan, bukti, lan conto supaya pamirengé gelem nindakaké kaya apa kang dikarepaké pemicara. Pidhato iki umumé jinis pidhato kampanye arep pemilhan umum.

sesorah

Sesorah utawa pidhato utawa tanggap wacana yakuwi njlentrehaké idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapaké marang wong akéh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku werna- werna, ana kang tujuane kanggo menéhi hiburan, menéhi informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokaké supaya nindaki apa kang dikarepaké pemicara. Déné miturut kaanané, jinisé pidhato iku uga werna- werna, yakuwi: kaanan resmi , setengah resmi , ora resmi , lan sapanunggalané . Kepriyé carané pidhato kang apik lan kasil bakal dijlentrehaké ing kéné.

unggah ungguhing basa

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Unggah-ungguhing Basa Jawa kaperang udakara dadi limang (5) basa, yaiku: 1. Basa Kasar 2. Basa Ngoko : a. Ngoko Lugu b. Ngoko Andhap 3. Basa Madya : a. Madya Ngoko b. Madyantara c. Madya Krama

luk ,gregel, cengkok

ono tembang ono istilah seg jenenge luk,gregel,cangkok sing dimaksud Luk,gregel,cangkok,wiledlan laya luluh yoiku kyo ngene lur 1.        Luk utawa bengkong, tegese ngenggokake utawa mbengkongake notasi lagu utawa titi laras . tumrap macapat luk ora nganti telung notasi. 2.        Gregel yoiku variasi munggah mudhune titi laras sing ora ora ana lukke supaya luwih kepenak di rungokake, kaya kaya ana notasi tambahan kang ora ketulis. 3.        Cengkok yoiku cirine tembang siji lan sijine 4.        Wiled yoiku luk kang lueh angel, sebab sewanda bis luih seka telung notasi.wiled ora kagunakake ing tembang macapat. 5.        Laya luluh tegese ndadekake siji. Nembang mawa laya kudu nagti-ati,kudu ngerti te,enan antaraning cakepan karo titi laras.mula maknaning temung kudu dimangerteni temenanan. ananging sejatine nalika nyekar macapat sing bener lugu,ora kakahan gregel lan cankok, beda karo nembang rerepan.pangetrapane nembang macapt netebi surasane tembung lan titi lar

cara maca macapat

Macapat kang prayogi menawa arep nyekar macapat,supaya bisa dadi apik,mula para djiwa,siswa lan pamarsudi prayogane mangerteni pirang – pirang bab ing ingisor iki: 1.        Mangerteni watak wataking tembang tegesing guru lagulan guru wilangan 2.        Mangerteni tembung kang kudu luluh,laguning tembang,pedhotan lan pernapasan 3.        Kulina nglaras lan titi laras slendro pelog 4.        Kendhaken

sekar gambuh

 tembang gambuh menika  saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen wis jurnbuh / sarujuk banjur di gathukkake anttarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau.ing pangangkahh supaya bisa urip bebrayan.

pocung

   Basa ngelmu, mupangate lan panemu    Pasahe lan tapa    Yen satria tanah jawi     Kuna-kuna kang ginilut tri prakara     Lila lamun, kelangan noragegetun

tembang macapat

Macapat adalah tembang atau puisi tradisional Jawa. Setiap bait macapat mempunyai baris kalimat yang disebut gatra, dan setiap gatra mempunyai sejumlah suku kata (guru wilangan) tertentu, dan berakhir pada bunyi sanjak akhir yang disebut guru lagu.[1] Macapat dengan nama lain juga bisa ditemukan dalam kebudayaan Bali[2], Sasak[3], Madura[4], dan Sunda. Selain itu macapat juga pernah ditemukan di Palembang[5] dan Banjarmasin.[6] Biasanya macapat diartikan sebagai maca papat-papat (membaca empat-empat), yaitu maksudnya cara membaca terjalin tiap empat suku kata.[7] Namun ini bukan satu-satunya arti, penafsiran lainnya ada pula.[7] Macapat diperkirakan muncul pada akhir Majapahit dan dimulainya pengaruh Walisanga, namun hal ini hanya bisa