sengkalan


Sengkalan

Langsung menyang: pandhu arah, pados
Candrasangkala utawa Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Sengkalan punika kedadosan saking tembung saka+kala+an, lajeng mungel sangkalan; wusananipun luluh dados sengkalan.[1] Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha: Sirna ilang krětaning bumi, yen diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”.
Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala yaiku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitané tahun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 Masèhi. Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn-unèn sing nduwèni teges angkaning taun. Ing jaman biyèn sing kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka. Nanging saiki ana sing migunakaké taun rembulan utawa taun candra, yaiku pétungan sing sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang adhedhasar taun srengéngé, banjur diarani: “Suryasengkala”

Komentar

Postingan populer dari blog ini

tembung lan watake sengkalan

luk ,gregel, cengkok

cara maca macapat