sesorah

Sesorah utawa pidhato utawa tanggap wacana yakuwi njlentrehaké idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapaké marang wong akéh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku werna- werna, ana kang tujuane kanggo menéhi hiburan, menéhi informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokaké supaya nindaki apa kang dikarepaké pemicara. Déné miturut kaanané, jinisé pidhato iku uga werna- werna, yakuwi: kaanan resmi, setengah resmi, ora resmi, lan sapanunggalané. Kepriyé carané pidhato kang apik lan kasil bakal dijlentrehaké ing kéné.
Wektu Pidhato pemicara iku digatekaké déning kabéh kang rungokaké. Kabéh kang ana ing pemicara saka klambi, rambuté, tekan carané mlaku ing podium digatekaké déning pamirengé. Kepriyé carané ngadeg uga ora luput saka pengamatanné pemireng pidhato iku. Apa kang ora pas saka pemicara bisa dadi bahan panacad déning para pemireng. Panacad iku nyebabaké pidatoné ora kasil kanthi apik.
1. Carané Nganggo Klambi. Klambiné kudu resik, rapi, sopan, lan jumbuh kaliyan kaanané pemireng pidhato iku. Carané nganggo penganggon utawa klambi kudu bener., umpamane: peciné ora miring, dasiné anggoné nalekaké wis bener. Jinisé klambi uga kudu nyesuaiaké karo pemirengé, yén pemirengé nganggo jas pemicarané beciké uga nganggo jas, yén pemirenge nganggo hem lengen dawa becike pemicarane uga nganggo hem lengen dawa.
2. Carané Ngadeg ing Podium. Sadurungé diwènéhi wektu déning wong kang macakaké pranata adicara, beciké pemicara lungguh ana papan kang rada ndelik. Aja lungguh ana ngarepé pemireng, amarga penampilané mengko ora duwéni kejut. Anggoné mlaku anuju podium kudu kanthi lumrah, ora digawé- gawé. Sadurungé ngomong, ambegan lan nyawang kabéh para pamirengé kanthi sumringah. Anggoné ngadeg kanthi jejeg lan aja nyenderaké awak ing podium.
3. Carané Nggocèki Mikrofon. Mikrofon kang ana standaré ora perlu digocèki bola- bali amarga bisa muni lan brebegi. Déné mikrofon kang ora ana standaré digocèki kanthi lumrah baé. Aja dolanan kabel utawa nggaya kaya penyanyi ing panggung. Mikrofon karo lambé aja kecedaken utawa kadohan.
4. Carané Pidhato. Carané pidhato iku ana papat, yakuwi: maca naskah, ngapalaké, spontanitas, lan njlentrehaké utawa njabaraké kerangka pikiran.
Nulis Pidhato Babagan pidatho wis dipratelakaké secetha- cethané ing ngarep. Sadurungé gawé naskah utawa teks pidhato, amrih beciké gawé cengkorongané iku kaya ing ngisor iki.
  1. Uluk salam/ salam pembuka
  2. Purwaka basa: atur pakurmatan, atur puja- puji, atur panuwun
  3. Surasane basa/ isine pidhato
  4. Ringkesan isi pidhato
  5. Salam panutup

Komentar

Postingan populer dari blog ini

tembung lan watake sengkalan

luk ,gregel, cengkok

cara maca macapat